Bareng wulan puasa grupe amleng, madan rereb. Grupe akeh men man, ngosi ana sing sokan ngresulah hp nglegeg akhire lepet alias metu sing grup. Sedurunge rame-rame ngegrup ning aplikasi Wasrap, cerita semending babagan aplikasi IM (instant Messaging), kait jaman rikiplik tekan jaman telfon cerdas. Ana IRC, jamane computer esih windows 95 aplikasi chating kiye mendunia, bisa tersambung karo wong ndi bae tanpa nomor hp utawa pin, cukup dastar nganggo aran sembarang (nick name) juga beres. Ana QQ sing suarane khas men ‘khi-kha..’ ketara lg dolanan QQ. Disusul YM (Yahoo Messenger) ya madan lawas rame penggunane, aplikasi gawaan microsoft kayong kaku arane Windows Live Messenger, Skype dll. Ngandroit teka mawa trataban para pengembang aplikasi berbasis computer, siji siji selot rontok menyusul kehadiran IM versi smartphone, sebut saja BBM, Tango, Meebo, eBuddy, Wechat, Whatsapp, dll, tapi sing mipil akeh penggunane kayane sing terakhir, wasrap it is.. mbuh kepriwen, apa tampilan, user friendly (penak denggo), cepat karo real time, dibanding aplikasi liane ndean.
Perkembangane terus berlanjut, sing ganu kur bisa nggo kirim pesan tok siki ws bisa werna werna, nelpon, video call, dodolan klambi, tas, kulkas, tihwi, werna-werna. Grup ya ora cukup 3, angger de pikir maning tah kalas wektu nggo dunia nyata kayong berkurang nin ning tumprapku tah, soale pada ngerasa wis wasap ikih, Ya arane ge pilihan masing-masing, entah idepe nulis apa sing ting pringsil ning utek, ngger ora de suntek mbok dadi kaya Habibie, nden aku pinter gawe otong abung sipp men. Kalas aku de jaluk ding wong Jerman, nden J-Lo langka inyonge ra betah, sapa sing arep gawe kopi karo sarimi sing sok kakehen banyu. Pelanggan komplen batian berkurang. Pergunakan secara bijak dan cerdas, kweh ari ngingetna pinter men, ceg HP temen tah sok ora eling. Bakune kopas kalimat2 motivasi, cenggerengan karo kuwux, tulisan religi apik men ge kur share tok, ora de laksakanan ya kayong cua. Jebule betah ngger bisa lepas karo sing arane HP. Mben de buka pesan wis ewon
