Panutan VS Manutan



By Kis Wong in TlagaKita (Files) · 



Wong sing sok pula ngademena ati, aweh vitamin rohani mipil ilang. Ilang merga dijaluk ding Gusti Allah. Ganu ana AA Gym sing fenomenal juga terkenal ndilalaeh ndadak dejeleihding wong bera, khususon wong wadonan pedehe mbojo maning karo santrine. Padahal ya jere anu sah, tapi mbuh priwen yoh. Padahal isi ceramahnya menurutku ya apik lan bisa membangun semangat keimanan, uga semangat kemandirian berbisnis. Gelise, ya ceramah ya motivasi debuntel dadi siji karo buntelan Manajemen Qalbu. KH. Zainudin wis langka, Uje ya langka, paling gari mbuh pira ulama sing bisa aweh ruhani menusa kon pada pinter bersyukur karo nyiram ati sing selotsuwe pada panasten.


Luput…!  Jebule pancen rata-rata penginyongan pengine
de dulang wegah usaha, ngrungokena ceramah karepe njegreg teka dewek, ning
tihwi ya ari pas lagi ning chanel sing ana wong ceramah, ngger lagi nyetel
guyon-guyon nde iklan ge ora gelem ngeklik remote. Ana buku pirang-pirang ya
deneng abane pada ngedap maca. Karepe dewacakena, sing ngrungokena tah mbari merem mbuh mbari ngalamun sing ora-ora. Tindakan pasif mau jen kudu de ilangena sing bumi Indonesia, khususon bumi Tlaga.Kiye wis jamane marani bola, udu ngenteni umpan. Ora nana Zainudin ilok arep metege bae ngenteni ana pengajian ning bale desa apa ning emper mesjid, iya ari teka.


Jaman selote ora karuan, apamaning nyong pada kayong kelombo gareng, mangkan ganu kayong bangga maring para pemimpin bangsa kiye sing depercaya ding rakyat. Koh jebul punya jebul mblenjani, bisa-bisane berjubah partai Islam sing mengklaim partai bersih dan amanah, koh petinggine dolanan kepercayaan, ora tanggung-tanggung, ya duit haram, ya wadon haram. Aku dadi betah ana berita fustun cantik, delenge koh gampang nemen. Korbane ngasi wong patang puluhan, ana sing mahasiswi, ana sing artis, kuwe kabeh anu wadon ayu-ayu. Ora kuat goda jebule yoh engan wong angger wis duwe kamukten awujud dunya brana. Aku siki dadi percaya jere wong lanang bisa maju karena ana wong wadon ning mburin, tapi juga bisa ancur karena ana wong wadon juga.


Mulane siki madan angel nggolet panutan, tapi angger nggolet manutan tah abane gampang men. Untunge inyong gemiyen lagi cilik serba kangelan, arep dolanan sing betah kudu nggolet upih, ari menek wit jambe angel. Arep nonton tanggapan, pengin nggawa sangu ari njaluk duit angel. Bareng wis gede arep sekolah sing duwur ya angel, arep nggolet pacar ya angel, arep kerja ya angel. Siki ge esih madan angel apamaning kon maraih anake ana PR matematik, angel men. Tapi angel-angel ge, gemiyen tah ake wong manut sing tegese patuh positif. Sikitah kaya dekon, pada manutan…dewei 1o jut age gelem nggo batir turu, aja maning sing dewei milyaran baatt nden bisa nggo batir sidang ning kpk yoh.


Ora lagi bermaksud pesimis, tapi maju ngeneh pancen tantangan wong urip semakin angel, tapi asal ana niat sing tulus suci, mudah-mudahan wong tlaga nek dadi wong penting bisa njaga kepercayaan. Carane salah sijine proaktif, ora nana
Zaindudin ge ya mburu  jok tempat-tempat sumber ilmu. Ana bacaan dibaca, sing madan dawa ge ya dewaca bae, kader ana pole. Mengkomah geneng yoh betaeh pada maca setatus sing kur cendek-cendek contoeh: “aduh, adus koh langka banyu bersama Daplun” at kamar mandi yang indah. Kadang, “lholah ayawene turukoh anget” dll. Mengko sing komen ndlekdek butul jam 1o wengi ora krasa. Tapi ngger kon ngrungokena pengajian mah nembe 1o menit wis antuk-antukan. Nah, siji maning bukti bahwa setan telah bekerja dengan baik.


Kiye namung rasa ning jero ati sing pengin tek ungkapena lewat tulisan, dasare kayong suwe ra nulis ning kolom harian tlagapost dadi rasane kaku. Ora nana sing arep desinggung baik secara sengaja mbuh ora kemaha. Maturnuwun, sugeng
midangetaken.