Redenominasian

Man, kye aku deprentah ding pak camat jere kon sosialisasi babagan penyederhanaan mata uang rupiah, endole de buang telu ning mburi. Si paman sing lagi mbari nglorod papir sing jero plastik kusam delenge mbari ndamon tapi nyureng. "anu priwen kuwe?" tanya si paman
kaya kiye, man.. padane rika duwe duit 1oo.ooo mengko dadi 1oo perak, tapi nilai barang tah ajeg. kuwetah kur nggo nyingget pencatatan wong bank karo kon singget ari maca apan.
Si paman mbari ngramu ududan mbako enak tok delenge madan tertarik karo penjelasane keponakane sing siki kerja ning kecamatan bagian pembinaan masyarakat. "lah ilok mengko aku ora de bodoni?"
"ya belih, man...mengko ana pendampingan sing pelaku ekonomi ning masyarakat supaya transkasi ora kaco. Dadi, mengko secara bertahap duit sing sekiye de tuker ning bank karo duit anyar sing nilainya sama tapi angkane berbeda." jelas ponakane mbari njimot bintul anu gari setugel ning ceneng kuning.
"ffuuuuhhhh...." si paman ari ngetokena kukus gawe bolong bolong gambar waru. "ari kaya kuwetah aku ngerti, tapi sing penting rega rega aja mundak bae. mengko enggane wis de redomaktingting temen temen duit 1oo perak ora payu. nggo tuku kerung olih 1o kaya jaman nyong cilik. Angger kaya kuwe tah aku ora trima.. mendingan gawe duit dewek bae karo gambare inyong sing lagi ngempani ayam ning mburitan." curcol si paman.
"ya, man... aku paham... sing penting aku wis menyampaikan, tugasku selesai." Ngomong ngomong mbesuk menyan papir cukup karo duit 15 perak rika wis nggawa sekanthong, nyong pareng man... maturnuwun" mbari nglarak tablet ning meja, bat bintul ning tangane ndlapet de lepet lepetena ning ingsor meja. Si paman anunetah weruh tapi ora berdaya ngomeih, yong lagi mikir deneng redenominasi si priwe ilok negara, gawe kangelan bae.. udu tambah makmur malah gaawe njilmet.