Remis nggandil

Pedut nesih kandel, pucuk sengon ora katon. Wong liwat ketap-ketap delenge arep mreneh jebule selot adoh. Lampu honda ge murube ngeyip saking kandele pedut ning esuk kiye. Pedut karo kukus tabrakan ning duwur pongpok pedangane umah-umah, para biyung mestine lagi ngesur blarak supaya murube gemlugur. Suluh repekan olih ngreok sing pakanan kandang wedus limang dina kepengker wis garing, genine mrambat gelis emen dadi areng abang let ora suwe dadi awu. Pating blikrak maning genine dadi cilik, si biyung ngesur maning menyat sing amben tlupuh meling lagi ngrajang kluban nggo de gawe jangan.

Angger ngadeg ning dapuran pring sing pinggir sawah aroma wong adang werna-werna ambune, sedep mawa wetenge kencot. Delenge si kaki lagi madaih bribil ning kandi karo raga de sasabi kresek ireng bat wadah brangbang. Delenge mbari udud kebal kebul lintingan sing ambune semerbak kontras karo aroma masakan. Weduse jenek lagi sarapan godong srindia karo rayutan.

Si biyung abane celak celuk tandane sarapane wis matengan. Kukus sing metu sing umah-umah sekiye brayan karo pedut maring lamuk. Sikilku mbak nyess bae nyenggol suket sing nesih remis, angger aku obah delenge ana berlian nggandil ning suket, jebule reumis sing ketrobos inaring baskoro alias srengenge.

Roaming gak, ji?
Dijamin masih melingker sambil ngopi, sepoy2.